Jumat, 29 Juli 2016

Teks Deskripsi Makanan Tradisional Gethuk ( Bahasa Jawa )

GETHUK

                Gethuk iku pan jajanan (kudhapan) sing bahan utamane digawe saka ketela pohung (singkong). Gethuk iku panganan sing gampang ditemoni ing Jawa Tengah lan Jawa Wetan.

Gawe gethuk kuwe gampang, dibutuhake bahan-bahan kayata :
  •   Banyu kanggo nggodhog
  •   Tela pohung
  •   Uyah
  •    Gula pasir utawa gula jawa
  •    Bahan pawarna
  •    Klapa diparut

         
          Yen kepengin oleh gethuk sing warnane putih, sabecike nggo gula pasir, kanggo gethuk sing warnane abang, sabecike nggo gula jawa, banjur yen kepengin warna ijo bisa nganggo peresan godhong suji utawa pandan.

Carane gawe gethuk yaiku :
1.     Pohung dionceki kulite, dikumbah resik lan diiris-iris kurang luwih dawane 5 cm.
2.     Godhogen pohung nganti mateng, angin-anginen nganti kukuse ilang.
3.     Campuren pohung, uyah sithik, gula. Lumaten nganti lembut.
4.     Wehana bahan pawarna yen seneng.
5.     Sajekna karo parutan klapa enom sing ditawurake ing ndhuwure.


          Gethuk iku biasane disajekake kanggo cemilan karo ngombe teh. Salah sijining variasi gethuk iku carane karo digoreng. Kaya sing dadi oleh-oleh khas saking Sokaraja, Banyumas. Uga ana kang luwih seneng mangan gethuk kang dienggo pacitan menawa lagi ana tamu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar